Tata Ibadah Minggu 28 Juni 2026
Tata Pangibadah Minggu Saksampunipun Pentakosta lan Peladosan
Bujana Suci
GKJ Salatiga, 28 Juni 2026, tabuh 09.00
(warni liturgi: ijem)
NUWUHAKEN PENGAJENG-AJENG
(P. = Pengkhotbah); U. = Jemaat; Pr.= Primus; Ltgs. = Liturgos; M1,2. = Majelis/Pradata)
PRA LITURGI
|
· |
Pandonga pribadi umat. |
|
· |
Pandonga konsistorium. |
|
· |
Lonceng 1x - Pamaosing Pawartos Pasamuwan (M.1) |
|
· |
Lonceng 2x – Pangibadah kawiwitan |
|
LITURGI MLEBET |
|
|
Timbalan Pangibadah |
|
Ltgs : Umat kagunganipun Gusti ingkang kinasih
Sumangga kita sowan ing
ngarsanipun Gusti ing pangibada punika. Kita mbikak manah nampi pangrimatipun Gusti tumrap kapitadosan kita, supados
kita ngraosaken daya kekiyatan
lan tuwuhing pengajeng-ajeng kangge nglampahi gesang punika. Kita lumebet ing pangibadah punika kanthi
ngluhuraken asamanIpun, sesarengan kita ngrepekaken KPJ 7: 1,2
Pasamuwan jumeneng, ngidungaken KPJ 7:
1, 2 ”GUSTI KAWULA SOWAN” 1.Gusti,
kawula sowan atur pangabekti,
pasrah nyawa lan badan kanthi trusing ati.
Mugi Paduka tampi, wah paring kadarman,
dimen kula lestantun wonten ing kraharjan.
2.Kawula sèstu ngudi manug rèhing
Gusti,
nanging ringkihing budi tansah memalangi.
Dhuh Gusti, mugi rawuh, mulunga ing asta,
dadya gondhèlan bakuh, kula
tan suwala
(Pengkhotbah lan Pradataning Pasamuwan lumebet ing papan pangibadah, panyumeting lilin pangibadah)
Votum lan Salam
P : Pangibadah Minggu punika kita
sucèkaken srana pangaken: Pitulungan kita punika wonten ing asmanipun
Gusti ingkang nitahaken langit, bumi lan saisinipun.
1
|
U. : |
|
(umat Lenggah) |
|
|
P |
: Tentrem Rahayunipun Sang Kristus tumraha ing panjenengan! |
||
|
U : tumraha ing panjenengan ugi.! Introitus |
|||
Ltgs : Umat ingkang kinasih,
Gesang kita boten uwal saking
mawarni-warni prekawis, pepalang saha panandhang, ingkang saged ndadosaken
semplah ing manah lan pepes ing pengajeng-ajeng. Kadosdene balung-balung ingkang
garing, kita rumaos kados-kados kita boten nggadhahi daya keklyatan malih
kangge gumregah lan nglajengaken gesang.
Lumantar pangibadah punika, kita kaemutaken bilih kita nggadhahi Gusti Allah ingkang Mahatresna saha Mahasetya, Gusti ingkang boten badhe negakakan saha nilar para umat kagunganipun. Gusti Allah kersa lan kagungan panguwaos kangge paring pemulihan tumrap gesang kita. Rohipun badhe makarya kangge kita, nggegesang semangat, nuwuhaken pengajeng-ajeng ingkang semplah, sarta maringaken masa depan ingkang endah. Menawi kita saestu pitados, kita badhe saged nglampahi gesang punika kanthi tatag tanggon lan kebak pengajeng-ajeng..
Pangiduning pasamuwan, KPJ 117 “KALA KULA DHAWAH” Kala kula dhawah lan tanpa daya,
nyawa kula kapetek, kasiksa
Kula tansah nyuwun tulung mring Gusti
karsa rawuh, mrih amitulungi
Refr. Kula tansah kaangkat maring arga
kula
kwawi anempuh prahara
wah
kiyat, wit sinanggi swiwinya
anglangkungi
budidaya kula
Pengaken Dosaning Umat
|
P |
: Paring wangsulane Gusti Yesus: “Pepakon kang gedhe dhewe iku mangkene: Rungokna, heh, wong Israel, Pangeran Allah kita iku siji. Sira tresnaa marang Allahira kalawan gumolonging atinira, lan kalawan gumolonging nyawanira, |
||||||
|
sarta |
kalawan |
gumolonging |
budinira |
apadene |
kalawan |
sakabehing |
|
|
kakuwatanira. Dene pepakon kang kapindho yaiku: Sira tresnaa marang ing sapepadhanira kaya marang awakira dhewe. Ora ana pepakon liyane kang |
|||||||
ngungkuli
pepakon loro iku.”
(Markus 12 : 29-31)
Ltgs : Para sedherek, dhawuhipun
Gusti sampun kita tampi lan pirengaken. Sumangga naliti gesang kita, punapa
kita sampun mbangun miturut dhumateng dhawuhipun Gusti punika?
2
Nalika panyuwunan lan pengajeng-ajeng kita boten kasembadan, kita asring mangu-mangu dhateng katresnanipun Gusti. Menapa malih nalika ing satengahing momotan lan kasedhihaning gesang, kita asring rumaos tanpa daya lan semplah. Kita ngendelaken kekiyatan kita piyambak, dhawuh-dhawuhipun Gusti lajeng kita lirwakaken. Saestu kita punika manungsa ingkang ringkih, satemah asring dhumawah ing dosa. Sumangga kanthi andhap asoring manah, kita nelangsani dosa ing ngarsanipun Gusti, kanthi ngrepekaken KPJ 51: 1, 2
Kidung Panalangsa, KPJ 51: 1, 4 GUSTI MUGI MIRSANI 1.Gusti mugi mirsani nggen kula kesrakatan.
Kula mlajeng mring pundi, namung dhateng Pangeran.
Nyuwun tulung, dhuh Allah, mugi nglanting kawula sing sagung karibedan, dimen pulih lejara.
4 Gusti tuking kadarman, mugi mlasi mring kula. Uwala sing momotan wah kalis ing panggodha. Gusti tuking kraharjan kang kwasa mbirat dosa, mugi nucèkken kula, temah gesang sembada.
Pawartos Sih Rahmat ( umat Jumeneng )
|
P U P |
: Nampenana pawartos sih rahmat ingkang kapethik saking serat Rum 10: 10, ingkang mekateni: “Sebab, kalawan ati wong iku anggone pracaya sarta kabenerake, lan kalawan tutuk wong anggone ngakoni pracaya sarta kapitulungan rahayu” Mekaten Pawartos sih rahmatipun Gusti. |
|
|
: |
Puji Sokur konjuk Allah |
|
|
: Sihipun Gusti ngrukunaken jagad kaliyan Panjenenganipun, samangke kita ugi |
||
katimbalan supados gesang ing pirukunan, Salam tentrem Rahayu.
-
umat sami jawat asta kinanthenan
pratela: Tentrem Rahayu, sinarengan pangrepining
KPJ 460 Tentrem Raharja–
(Umat
taksih jumeneng) NgidungakenKPJ 83: 1, 2 LAMUN SIRA SUSAH
1.Lamun sira susah, wah asedhih,
aja sira supé, Allah tan tebih
Aja wedi, Gusti anganthi,
dyan peteng dalunya, énjing: padhang byar.
Nadyan panggodha amisésa,
Gusti nganthi sira, dugèng dlahan
2.Pangéran tan pegat,
panjangkungé,
myang sihnya tan kendhat mring kagungané
3
kasusahan wah karubedan
sèstu tan munjuli — tulungé Gusti.
Nadyan panggodha, amisésa
|
|||
|
LITURGI SABDA |
|||
|
Pandonga Pacawisan nampi Sabda (P) |
|||
|
P |
: Waosan Injil kapethik saking Yehezkiel 37: 1-14, ingkang mekaten... |
||
Mekaten Injilipun Gusti Yesus. Ingkang rahayu inggih punika tiyang ingkang
|
U |
: |
mirengaken sarta ngestoaken pangandikanipun Gusti Allah. Maranatha! |
|
|
Khotbah
Wekdal
ening
Pengaken Pitados Rasuli [umat Jumeneng]
Prm. : Sesarengan kaliyan umat suci ing sadhengah jaman lan papan, kita mbangun
paseksining iman kita srana ngucapaken Pengaken pitados Rasuli inggih
|
U |
Sahadat Kalih welas, ingkang mekaten. : Kawula pitados...... |
Pandonga Syafaat [umat Lenggah]
|
P |
: (Nuntun Pandonga syafaat) - Kapungkasan Pandonga Rama Kawula ingkang kapujekaken srana KPJ 152 |
Rama kawula kang wonten swarga
ingkang asma kasucekna Kraton Paduka rawuh karsa Paduka klampah,
ing bumi kadya aneng swarga
Ing dinten sapunika sinunga cekap
rejeki, kula kaapuntena Kadya kula ugi ngapunteni tyang kalepatan,
sampun nandukken kula dhateng
panggodha,
kalepasna kula saking piawon
Jer Gusti kang kagungan Kraton,
wisesa sarta kamulyan Ngantos slami-laminya, amin, amin
|
LITURGI PELADOSAN MEJA |
|
|
BUJANA SUCI |
|
|
· |
Pamaosing Pratelan Bujana Suci |
4
|
· |
Umat nyawisaken manah nampi Bujana Suci - Ngidungaken KPJ 307 : 1-3 “KULA NIKA TIYANG DOSA” |
1.Kula nika tiyang dosa, lan
sami tinimbalan.
Dening Gusti Kang Masuci, mrih sami tetunggilan 2.Kang nimbali wus
nyawisi, bujana ingkang suci.
Ingkang suka, manah rena, mila gung kula puji.
3.Allah nrima dhateng kula,
punika panjerira.
Anggur roti kang den bukti, minangka kang sarira.
· Peladosan Bujana Suci – umat nampi roti lan anggur bujana suci
· Litani
Kesanggeman
P : Para sedherek, sasampunipun kita nampi roti lan anggur ing
sakramen bujana punika, sumangga kita
telakaken tekad kesanggeman kita: “Dhuh Gusti, kawula ngaturaken panuwun
tumrap sarira lan rah Paduka ingkang sampun kakorbanaken kangge
kawilujengan kawula.”
U : Kawula badhe mujudaken
raos sokur kawula /lumantar patrap gesang ingkang nyondhongi karsa Paduka,/ dados putraning Allah ingkang
mbangun miturut/,
pendherek Paduka ingkang setya.
P : Roti lan anggur sampun kawula tampi, manunggil ing badan kawula, dados pratandha bilih Paduka tansah rawuh lan nunggil ing gesang kawula.
U : Sakmenika kawula ugi badhe misungsungaken gesang kawula/ supados tansah nyunaraken kamulyaning Allah/ saha dados berkah kangge sesami kawula.
Sedaya: Mugi Sang Roh Suci mitulungi kawula. Amin
|
· |
Pamaosing mazmur syukur |
1.Sestu agung sihe Gusti,
mring titah sabumi
Milujengaken tyang dosa, mrih manggih raharja 4.Nadyan kathah
pepalangnya dalasan rubeda Tiyang pitados rineksam, sembada
gesangnya.
PISUNGSUNG (Kapimpin dening Prdt. 2)
M2 : Kita badhe sesarengan
ngaturaken pisungsung minangka pratandha sokur kita dhumateng Gusti, kanthi
tinalesan Pangandikanipun Gusti ing Kitab Jabur 138: 1, 2, mekaten wiraosipun, “Paduka badhé kawula puji klayan gumolonging
manah, wonten ing ngajengipun para allah kawula badhé ngidung masmur kagem
Paduka. Kawula badhé sujud madhep ing padaleman Paduka ingkang suci, saha
memuji dhumateng asma Paduka, awit saking sih-kadarman lan kasetyan Paduka,
déné asma saha prasetya Paduka, Paduka damel nglangkungi samukawis”
5
Umat ngaturaken Pisungsung kasarengan memuji saking KPJ. 186: 1, 2 “Urip kang sakmesthine”
1.Urip kang samesthine, lamun tansah ngucap sokur
Neng ngarsane Sang Kristus, tan pantes takabur Refr: Jroning susah lan bungah, sadhengah kaanan Aku angidung memuji sokur, yeku karsa-Nya
2.Nadyan prahara nempuh, santa ombak anyempyuh Aku trus muji sokur, konjuk mring Gustiku – Refr.
Pandonga Pasrahing pisungsung (umat Jumeneng)
M2 nenuntun Pandonga pasrahing pisungsung lan panutup.
|
LITURGI PENGUTUSAN |
|
|
Pangutusan lan Berkah |
|
|
P |
: Umat kagunganipun Gusti, |
Ngenerna manah dhumateng Gusti
U : Kawula sami ngeneraken manah
dhumateng Gusti.
P : Dadosa seksinipun Sang Kristus, gesang kebak pengajeng-ajeng dhumateng Gusti,
saha nuwuhaken pengajeng-ajenging sesami. U : Sang Roh Suci mitulungi kawula.
P : Nampenana Berkahipun
Gusti: “Pangeran Yehuwah mberkahi
panjenengan lan ngayomi
panjenengan, Pangeran
Yehuwah nyunari panjenengan srana wedananipun lan maringi panjenengan
Sih Rahmat, Pangeran Yehuwah nungkulaken
wedananipun dhateng panjenengan lan maringi panjenengan tentrem rahayu,
U : Amin
Pamuji Panutuping Pangibadah, KPJ 110: 1, 2 “GUSTI PANGUNGSEN KULA“
1.Gusti pangungsen kula, sestu gung sihrahmatnya
Ing sajroning panandhang, wah yen bebaya nrajang
Gusti sung pangluwaran, kula manggih kraharjan.
2.Daya karosan kula, winates wontenira
Srana pasrah sumarah, mring reh kwasaning Allah
Kula manggih kabegjan, ngantos dugeng klanggengan.
---Ibadah selesai---
Tuhan
memberkati
6